Tugas
Basa Jawa tentang tata upacara adat Jawa
1.
Urutan Tatacara
Mantu Minurut adat Jawa
Wong Jawa kuwi pra mligi ana ing Kabupaten Blora thok. Semono uga wong mantu ya ora
mung siji tatacarane. Tlatah siji lan sijine mesthi duweni paugeran kang beda.
Tatacara mantu ing Blora, Orang padha karo ing Semarang beda karo ing Surabaya, lan liya-liyane. Ing Ngisor iki
salah sijine tuladha urutan tatacara mantu ana ing jawa, yaiku :
Lamaran
Sing
nglamar wong tuwane calon penganten lanang. Calon penganten lanang ora kena
melu, amarga yen ditampik ben ora isin.Iku dilako'ake kanggo tandha resmi yen
pihak kaluarga calon manten putri utamane wongtuane isa nerima
calon manten kakung dadi pasangan urip putrine.
Sing
mangsuli lamaran wong tuwane bocah wadon dhewe,epepet wong tuwane ora bisa,
kena diwakili sedulure sing cedhak.
Ditemtokake
dinane, tanggal, waktu, lan jumlahe wong sing arep mara (dadi kudu disetujoni
saka keluarga temanten lanang lan keluarga penganten wadon)
Tatacara Siraman
Sedina
sedurunge tempuking gawe, dianakake tatacara siraman kang pamrihe (tujuane)
supaya calon pengenten loro-lorone bisa suci lahir batine, ilang rereged
rekating awak lan ati sarta kabeh alangane, Tatacara ing siraman iku nganggo
dodol dhawet. Iki duweni pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupe
pengenten suasanane bisa rengeng.
Ibune
penganten putri, dene bapake mayungi ibune, karo nyeyuwun ing ngersane Gusti
Kang Maha Agung, muga-muga uripe calon penganten bisa sesrawungan karo liyan
lan seneng dedana. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwite kanggo tuku
nganggo dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng)
- Wardine
(tujuane) dodolan dhawet yaiku:
Wong
omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejege bale wisma (bale omah), supaya
tundhone padha-padha marem ing ati (ayem, tentrem,bahagia)
Kreweng
(pecahan gendheng) iku digawe saka lemah, amarga manungsa iku asale ya saka
lemah kan lantaran bapa biyunge, asale saka Gusti Allah.
Wardine Kembang Mayang
Dianggo
panyuwunan amrih lakuning penghargyan bisa rahayu slamet ora ana alangan
apa-apa.
- Kembar
Mayang Iku Ono Loro
Werdine
sing siji kanggo pralambang lanang, lan sijine maneh kanggo pralambang wadon
(putri), supaya panganten loro-lorone bisa kembar tresna, lan kembar cipta,
rasa lan karsane
Janur
saka tembung Jan+Nur Nur tegese cahaya Jan tegese sak nyatane utama sakbenere
Dadi janur tegese cahaya sejati kang diparingake gusti kang maha Agung.
Supaya
pengenten sarimbit tansah entuk cahaya sejati saka Gusti, kang awujud perentah
(wewarah) lan ngedohi larangane agama, supaya dadi keluarga sakinah.
·
Werdine Pisang Raja Kang Wis Suluh
Supaya
bisa duweni wataking raja, yaiku tansah tanggung jawab, berbudi bawa lksana,
tresna asih marang kluwargane, lan suka dedona, ing tembene bisa dadi
tepa-tuladhaning sapdha-padha
·
Cengkir Gadhing
Ing
sakjroning cengkir gadhing iku isi banyu kang wening. Muga tresnane penganten
kaloro tilambaran weninging cipta rasa lan karsa satemah uripe atutruntut
rerentengan, golonganing budi saekapraya ing pakarya, saekapti ing pakarti.
·
Tebu Wulung
Yen
dijarwakake tebu : antebing kalbu Kalbu : ati, galih Dadi werdine
tebu wulung yaiku manunggaling temanten sarimbit satuhu linambaran antebing ati
lan dipangestuni marang para pinisepuh, sesepuh kadang lan sanata. Tebu wulung
iku tebu sing kuwat (santosa) tegesing kasantosaning brayat (kluarga) bisa
digayuh menawa linambaran tresna kang suci.
·
Pari Sak Wuli
Werdine
supaya pengenten sakloro bisa tansah kecukupan ing pangan (boga), seneng nandur
kabecikan, lan diparingi anak serta ngajeni marang liyan.
·
Kembang lan Wohing Kapas
Werdine
kembang kembang iku dadi pepenging wong akeh. Muga-muga penganten sarimbit dadi
pepengene wong akeh amarga uripe ayem tentrem, bagya mulya.
·
Werdine Kapas
Supaya
pengentin sakloro tansah kecukupan ing sandhang. Godhong apa-apa lan suket
alang-alang Minangka pralambang manawa tumpaking gawe saka wiwitan tumeka ing
rampunging gawe bisa kaleksanan kanthi lancar, slamet, ora ana alangan apa-apa.
·
Godhong Kaluwih lan Godhong Waringin
Minangka
pralambang supaya uripe penganten sakloron tansah pinaringan kaluwehan sandhang
pangan sarta wibawa, lan dadi pangayoman tumpraping liyan, luwih-luwih marang
sanak kadhang lan kanca (mitra)
Jeneng ageman anggon-anggon wiwit saka sirah, tangan,
tekan sikil (suku) yaiku:
- Blangkon
yaiku : iket sing bisa ditata lan didandani kari nganggo
- Beskap
yaiku : Klambi saemper jas cekak
- Jarik
yaiku : Kain amba wuju bathik kanggo tapihan (jarikan)
- Wiru
yaiku : Lempitan kanggo jarik
- Wiru
kanggo putri cacahe : 5
- Wiru
kanggo kakung cacahe : 7
·
Keris
Gaman
(pusaka) khas wong jawa. Wong kang ngagem busanan kejawen, karo nyengkilit
keris ing geger, iku ngemu teges nengenake watak satrya.
2. Tumpak Punjen lan Tumplak Punjen
Kabudayan Jawa nduweni upacara adat sing diarani tumpak
punjen lan tumplak punjen. Upacara tumpak punjen iku katindakake ing kalane
wong mantu kang kepiasan, dene tumplak punjen iku katindakake ing kalane wong
mantu kang pungkasan. Punjen tegese pundhi-pundhi utawa celengan. Tembung
tumpak punjen maknane tumapak ngiseni celengan. Sarehdene lagi mantu sepisan,
mula kudu ngati-ati anggone nanjakake lakune ekonomi. Para luhur paring pitutur
kanthi pralambang utawa pasemon tumpak punjen menawa diwedharake mangkene.
"Kowe kudu ngati-ati mecaki urip kang bakal kelakon, butuhmu isih akeh
banget, mula sing gemi nastiti ngati-ati, nyelengana dhuwit saben dina."
Tumplak punjen uga pralambang lan pasemon. Tumplak tegese ngesok. wong kang
mantu pungkasan mono karepe mung kari iku butuhe.
·
Upacara Tumplak
Punjen
Werdining Upacara Tumplak Punjen
Cekaking atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika
satunggaling kabudayan Jawi ingkang adi luhung, liripun upacara punika mengku
sasmita; antawisipun
- Dados srana
donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
- Dados srana
nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban
jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala
kramakaken para putra )
- Dados srana
anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang
kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
- Dados srana
pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi
udhik-udhik
- Tumrap para
putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama
ibu kaparingan panjang yuswa.
Pramila tradisi punika satunggal pemut dumateng sok
sintena, nalika sami nnampi kanugrahan inggih punika GESANG. Mila ujaring para
winasis tradisi adat punika sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi
kagem para putra wayah anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.
Pramila wonten ingkang adicara tumplak punjen,
tatalaksitaning upacara sarta ubarampe dados lambang ingkang kebaging samudana.
Kados :
- Sungkeman
para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun
ngurmati dumateng rama lan ibunipun
- Paringipun
anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu
anglintiraken kabingahan lan kabegjanipun
- Nyebar
udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para
wayah-wayahipun
Yen miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak
punjen ugi dados srana paring pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama
kados ingkang dipun paringaken Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto
dumateng para putra-putrinipun ing wanci punika, kinanthi candra sengkala , “ARUM
ILANG TANPA NETRA”. Ingkang mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun
kawentar, datan wurung badhe ical tanpa lari jer boten linambaran saking
telenging manah. Mula lajeng tumusing piweling
:
- NGLUHURNA
MRING AllAHIRA
- NGLUHURNA
WONG TUWANIRA
- AJA LALI
MARANG SEDULURIRA
- TUMINDAK,TUMANDUK
MRIH ARUMING BUDI
- JAGANEN
JEJEGING KAUTAMAN
( Gesang kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh,
sederekipun sumrambah ing sesami. Tuwin tansah ngupadi jejeging kautaman)
Ubarampe Upacara :
Anggi-anggi punika wujudipun: arta, wujud wiji kados
upami uwos / beras, dhele, tholo, kacang ijo lan jagung, sarta kunir (
kaparut), dlingo bengle kairis-iris, lan sekar setaman. ingkang dipun lebetaken
kanthong utawi srana sanesipun
Dene anggi-anggi kapilah dados kalih:
- ingkang
dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta
putra ragil ingkang krama wekdal semanten
- ingkang
dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang
mbetahaken
Tata upacaranipun Tumplak Punjen

Upacara
punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging
saderengipun sungkeman manten.
Dene urutanipun inggih punika:
- para putra
lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun
- yen sampun
dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau,
- salajengipun
tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil
( putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun
ingkang sampun dipun sametakaken
- kantun
piyambah, maringaken anggi-anggi kagem para wayah, kanthi cara
anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah.
Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi
ngendika “WIS RAMPUNG” Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging
putra manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor
dados werdining upacara tumplak punjen
- salajengipun
nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.
Makaten ingkang saged kula aturaken,
kirang langkungipun kula sumanggakaken para sutresna budayan. Nuwun.