Jumat, 13 Februari 2015



Tugas Basa Jawa  tentang tata upacara adat Jawa

1.      Urutan Tatacara Mantu Minurut adat Jawa

Wong Jawa kuwi pra mligi ana ing Kabupaten Blora thok. Semono uga wong mantu ya ora mung siji tatacarane. Tlatah siji lan sijine mesthi duweni paugeran kang beda. Tatacara mantu ing Blora, Orang padha karo ing Semarang beda karo ing Surabaya, lan liya-liyane. Ing Ngisor iki salah sijine tuladha urutan tatacara mantu ana ing jawa, yaiku :
Lamaran                                                    
Sing nglamar wong tuwane calon penganten lanang. Calon penganten lanang ora kena melu, amarga yen ditampik ben ora isin.Iku dilako'ake kanggo tandha resmi yen pihak kaluarga calon manten putri utamane wongtuane isa nerima calon manten kakung dadi pasangan urip putrine.
  • Sing Dilamar
Sing mangsuli lamaran wong tuwane bocah wadon dhewe,epepet wong tuwane ora bisa, kena diwakili sedulure sing cedhak.
  • Wanci (Wektu) Lamaran
Ditemtokake dinane, tanggal, waktu, lan jumlahe wong sing arep mara (dadi kudu disetujoni saka keluarga temanten lanang lan keluarga penganten wadon)
Tatacara Siraman
Sedina sedurunge tempuking gawe, dianakake tatacara siraman kang pamrihe (tujuane) supaya calon pengenten loro-lorone bisa suci lahir batine, ilang rereged rekating awak lan ati sarta kabeh alangane, Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawet. Iki duweni pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupe pengenten suasanane bisa rengeng.
  • Sing Dodol Dhawet
Ibune penganten putri, dene bapake mayungi ibune, karo nyeyuwun ing ngersane Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripe calon penganten bisa sesrawungan karo liyan lan seneng dedana. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwite kanggo tuku nganggo dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng)
  • Wardine (tujuane) dodolan dhawet yaiku:
Wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejege bale wisma (bale omah), supaya tundhone padha-padha marem ing ati (ayem, tentrem,bahagia)
  • Wardine Dhuwit Kreweng
Kreweng (pecahan gendheng) iku digawe saka lemah, amarga manungsa iku asale ya saka lemah kan lantaran bapa biyunge, asale saka Gusti Allah.
Wardine Kembang Mayang
Dianggo panyuwunan amrih lakuning penghargyan bisa rahayu slamet ora ana alangan apa-apa.
  • Kembar Mayang Iku Ono Loro
Werdine sing siji kanggo pralambang lanang, lan sijine maneh kanggo pralambang wadon (putri), supaya panganten loro-lorone bisa kembar tresna, lan kembar cipta, rasa lan karsane
  • Janur Kuning
Janur saka tembung Jan+Nur Nur tegese cahaya Jan tegese sak nyatane utama sakbenere Dadi janur tegese cahaya sejati kang diparingake gusti kang maha Agung.
  • Wardine Janur Kuning*
Supaya pengenten sarimbit tansah entuk cahaya sejati saka Gusti, kang awujud perentah (wewarah) lan ngedohi larangane agama, supaya dadi keluarga sakinah.
·         Werdine Pisang Raja Kang Wis Suluh
Supaya bisa duweni wataking raja, yaiku tansah tanggung jawab, berbudi bawa lksana, tresna asih marang kluwargane, lan suka dedona, ing tembene bisa dadi tepa-tuladhaning sapdha-padha
·         Cengkir Gadhing
Ing sakjroning cengkir gadhing iku isi banyu kang wening. Muga tresnane penganten kaloro tilambaran weninging cipta rasa lan karsa satemah uripe atutruntut rerentengan, golonganing budi saekapraya ing pakarya, saekapti ing pakarti.
·         Tebu Wulung
Yen dijarwakake tebu : antebing kalbu Kalbu : ati, galih Dadi werdine tebu wulung yaiku manunggaling temanten sarimbit satuhu linambaran antebing ati lan dipangestuni marang para pinisepuh, sesepuh kadang lan sanata. Tebu wulung iku tebu sing kuwat (santosa) tegesing kasantosaning brayat (kluarga) bisa digayuh menawa linambaran tresna kang suci.
·         Pari Sak Wuli
Werdine supaya pengenten sakloro bisa tansah kecukupan ing pangan (boga), seneng nandur kabecikan, lan diparingi anak serta ngajeni marang liyan.
·         Kembang lan Wohing Kapas
Werdine kembang kembang iku dadi pepenging wong akeh. Muga-muga penganten sarimbit dadi pepengene wong akeh amarga uripe ayem tentrem, bagya mulya.
·         Werdine Kapas
Supaya pengentin sakloro tansah kecukupan ing sandhang. Godhong apa-apa lan suket alang-alang Minangka pralambang manawa tumpaking gawe saka wiwitan tumeka ing rampunging gawe bisa kaleksanan kanthi lancar, slamet, ora ana alangan apa-apa.
·         Godhong Kaluwih lan Godhong Waringin
Minangka pralambang supaya uripe penganten sakloron tansah pinaringan kaluwehan sandhang pangan sarta wibawa, lan dadi pangayoman tumpraping liyan, luwih-luwih marang sanak kadhang lan kanca (mitra)
Jeneng ageman anggon-anggon wiwit saka sirah, tangan, tekan sikil (suku) yaiku:
  • Blangkon yaiku : iket sing bisa ditata lan didandani kari nganggo
  • Beskap yaiku : Klambi saemper jas cekak
  • Jarik yaiku : Kain amba wuju bathik kanggo tapihan (jarikan)
  • Wiru yaiku : Lempitan kanggo jarik
  1. Wiru kanggo putri cacahe : 5
  2. Wiru kanggo kakung cacahe : 7

·         Keris
Gaman (pusaka) khas wong jawa. Wong kang ngagem busanan kejawen, karo nyengkilit keris ing geger, iku ngemu teges nengenake watak satrya.


2.     Tumpak Punjen lan Tumplak Punjen
Kabudayan Jawa nduweni upacara adat sing diarani tumpak punjen lan tumplak punjen. Upacara tumpak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang kepiasan, dene tumplak punjen iku katindakake ing kalane wong mantu kang pungkasan. Punjen tegese pundhi-pundhi utawa celengan. Tembung tumpak punjen maknane tumapak ngiseni celengan. Sarehdene lagi mantu sepisan, mula kudu ngati-ati anggone nanjakake lakune ekonomi. Para luhur paring pitutur kanthi pralambang utawa pasemon tumpak punjen menawa diwedharake mangkene. "Kowe kudu ngati-ati mecaki urip kang bakal kelakon, butuhmu isih akeh banget, mula sing gemi nastiti ngati-ati, nyelengana dhuwit saben dina." Tumplak punjen uga pralambang lan pasemon. Tumplak tegese ngesok. wong kang mantu pungkasan mono karepe mung kari iku butuhe.

·         Upacara Tumplak Punjen

Werdining Upacara Tumplak Punjen
Cekaking atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika satunggaling kabudayan Jawi ingkang adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita; antawisipun
  1. Dados srana donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
  2. Dados srana nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala kramakaken para putra )
  3. Dados srana anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
  4. Dados srana pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi udhik-udhik
  5. Tumrap para putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu kaparingan panjang yuswa.

Pramila tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena, nalika sami nnampi kanugrahan inggih punika GESANG. Mila ujaring para winasis tradisi adat punika sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi kagem para putra wayah anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.
Pramila wonten ingkang adicara tumplak punjen, tatalaksitaning upacara sarta ubarampe dados lambang ingkang kebaging samudana. Kados :

  1. Sungkeman para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun ngurmati dumateng rama lan ibunipun
  2. Paringipun anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu anglintiraken kabingahan lan kabegjanipun
  3. Nyebar udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para wayah-wayahipun

Yen miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak punjen ugi dados srana paring pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama kados ingkang dipun paringaken Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto  dumateng para putra-putrinipun ing wanci punika, kinanthi candra sengkala , “ARUM ILANG TANPA NETRA”. Ingkang mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun kawentar, datan wurung badhe ical tanpa lari jer boten linambaran saking telenging manah. Mula lajeng tumusing piweling       :

  1. NGLUHURNA MRING AllAHIRA
  2. NGLUHURNA WONG TUWANIRA
  3. AJA LALI MARANG SEDULURIRA
  4. TUMINDAK,TUMANDUK MRIH ARUMING BUDI
  5. JAGANEN JEJEGING KAUTAMAN
( Gesang kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh, sederekipun sumrambah ing sesami. Tuwin tansah ngupadi jejeging kautaman)

Ubarampe Upacara  :
Anggi-anggi punika wujudipun: arta, wujud wiji kados upami uwos / beras, dhele, tholo, kacang ijo lan jagung, sarta kunir ( kaparut), dlingo bengle kairis-iris, lan sekar setaman. ingkang dipun lebetaken kanthong utawi srana sanesipun
Dene anggi-anggi kapilah dados kalih:
  1. ingkang dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta putra ragil ingkang krama wekdal semanten
  2. ingkang dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang mbetahaken

Tata upacaranipun Tumplak Punjen
http://suwardanijaya.files.wordpress.com/2009/12/sungkeman1.jpg?w=300&h=200

Upacara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.

Dene urutanipun inggih punika:
  1. para putra lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun
  2. yen sampun dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau,
  3. salajengipun tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil ( putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun ingkang sampun  dipun sametakaken
  4. kantun piyambah, maringaken anggi-anggi  kagem para wayah, kanthi cara anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah. Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi ngendika “WIS RAMPUNG” Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging putra manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor dados werdining upacara tumplak punjen
  5. salajengipun nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.

Makaten ingkang saged kula aturaken, kirang langkungipun kula sumanggakaken para sutresna budayan. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar